RAMAYANA
Ramayana ing basa basa
Sansekreta:
Ramayana utawa lelakuné sang Rama, iku salah siji wiracarita saka tanah IndiaMahabharata. Wiracarita Ramayana nyaritakaké Dèwi Sinta, garwa Sri Rama kang kadusta déning
Rahwana. Kitab iki dianggep buku fiksi
paling tuwa sadonya yèn kitab Weda
ora mlebu petungan. Kitab kuwi ditulis déning Walmiki,
kira-kira ing taun 300 sadurungé Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akèh banget variasiné
kang ana ing India dhéwé lan ing negara liyane. Ing tlatah Jawa, naskah Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin
Ramayana (awujud
Tembang Gedhé). Kakawin iku ditulis nganggo basa Jawa Kuna ing Jawa Tengah, kurang luwihé taun 870 (abad kaping 9 M, pungkasan). Kakawin iku diarani adikakawin
marga kaanggep kang kapisan, dawa dhéwé, lan basane apik ing jaman Hindhu-Jawi.
Ing sastra Jawi
Anyar, kakawin
Ramayana digubah manèh déning Yasadipura dadi Serat Rama Kawi. Crita iki kasebar lan mlebu dadi
lakon wayang kanthi owah-owahan ing sawetara panggonan. Crita Ramayana
uga katatah ing Candhi
Prambanan. Ing
candhi iki, uga kagelar sendratari Ramayana (Ramayana Ballet) ing
platarané. Saliyané kuwi, ing tanah Melayu,
crita iki dadi kitab Hikayat Sri Rama, ing ThailandRamakien. Sawetara ahli uga nemokaké yèn
Ramayana sumebar uga ing suku Indian,
Amérika. Ana uga kang ditemokaké ing Siberia.
Sing paling béda yaiku ing Sri Lanka. Ing tlatah iki Rahwana (Ravana) dadi wong kang becik lan Rama dadi wong kang ngrusak Lanka (Alengka = Sri Lanka). Ravana
iku kecathet salah sijiné raja kang naté nyekel kuwasa ing tlatah Sri Lanka.
Kejaba vèrsi Sri Lanka, umumé Ramayana nyritakaké lelakoné Sri Rama kang
ngrebut manèh Sita (Sinta). Rahwana nyulik Sita supaya gelem dadi bojoné. Rama
banjur ditulungi déning para wanara (Anoman, Sugriwa, lsp.) lan kasil
ngrebut Sita. Ing India versi basa Sansekerta, Ramayana kapérang dadi pitung kitabSaptakanda,
yaiku: Balakanda, Ayodhyakanda, Aranyakanda, Kiskindhakanda, Sundarakanda, Yuddhakanda, lan Uttarakanda. Mangkéné ringkesané: kang misuwur banget saliyane dadi utawa
Nama
Kitab
|
Katrangan
|
Kitab
Balakanda iku pinangka awal saka lakon Ramayana. Kitab Balakanda nyritakaké
Prabu DasarataKosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat,
yaiku: Rama, Bharata, Lakshmana lan Satrughna. Kitab Balakanda uga nyritakaké
Sang Rama kang kasil menangaké sayembara lan nggarwa Sita, puteri Prabu Janaka. kang duwé garwa 3, yaiku:
|
|
Kitab
Ayodhyakanda nyritakaké lelakoné Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sita lan Lakshmana marga panjalukké Dewi Kekayi. Sawisé iku, Prabu Dasarata kang
wis sepuh banjur seda. Bharata ora gelem dijumenengaké dadi
Raja, dhèwèké banjur nyusul Rama. Rama nampik yèn kasuwun bali menyang
Ayodya. Bharata jumeneng nata pinangka sulih Sang Rama.
|
|
Kitab
Kiskindhakanda nyaritakaké Sang Rama kang ketemu Raja wanara, Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa
ngrebut kraton lan garwané saka Subali, kangmasé. Ing perang iku, Subali
tiwas. Sugriwa dadi Raja ing Kiskindha. Sang Rama lan Sugriwa nyawiji
kanggo nglawan Krajan
Alengka.
|
|
Kitab
Yuddhakanda nyritakaké perang antaraning prajurit kethèk Sang Rama klawan prajurit raseksaRawana. Crita diwiwiti saka prajurit
Sang Rama kang kasil nyebrang samudra tekan ing Alengka. Sawetara iku, Wibisana ditundhung Rawana marga kakèhan
ngandhani Rahwana. Ing peperangan iku, Rawana gugur kena panah sekti Sang
Rama. Sang Rama
banjur bali ing Ayodhya bareng Dewi Sita. Sang
|
|
Kitab
Uttarakanda nyritakaké lelakoné Dewi Sita kang diukum buwang marga Sang Rama krungu pandakwané rakyat kang cubriya marang kesuciané Dewi
Sita. Dewi Sita banjur manggon ing pertapan Rsi Walmiki lan nglairaké Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa banjur teka sowan ing istana Sang Rama
nalika upacara Aswamedha. Ing wektu kuwi banjur padha
nembangaké Ramayana kang digubah déning Rsi Walmiki.
|
Ringkesaning
Crita Ramayana
Mangkéné
isining crita Ramayana kang katulis kanthi ringkes:
Prabu
Dasarata, ratu Ayodya duwe garwa prameswari aran Dewi Kosalya (Sukasalya) lan
garwa selir aran Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi Kaikeyi (Kekayi) peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra
kembar aran Lakshmana (Lesmana) lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang
jejuluk Rsi Wiswamitra njaluk tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya mbébasake
pertapane saka para raseksa.
Rama lan Lakshmana banjur budhal. Ing pertapan iku, Rama lan Laksmana kasil
mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe, kekarone banjur tumuju
negara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara menthang gandéwa. Sok sapa kang
menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka, ya Dèwi Sinta. Kabeh pasarta wus
siaga lan siji mbaka siji nuduhake kadigdayane menthang langkap gandéwa. Ora
ana kang kasil menthangake gandéwa mau kajaba amung Sri Rama. Sawise Rama
kadhaupake, Sinta banjur kaboyong bali menyang Ayodya didherekake Laksmana.
Ing
Ayodya, Rama bakal diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantining Dasarata.
Ananging Kekayi, garwa selir prabu Dasarata nagih janji. Nalika sadurunge
dipundhut garwa, Kekayi duwe panyuwunan yen peputra lanang mengkone bakal
jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot, Dasarata ngabulake panyuwune Kekayi awit biyèn
pancèn naté janji mangkono. Saka pokal culikane Kekayi, Rama wurung dadi ratu,
malah kudu nglakoni ukuman (dibuwang) ing alas Dhandhaka 13 taun suwéné. Rama,
Sinta, lan Laksmana banjur ngumbara nilar kedhaton. Marga nggrantes, ora suwe
prabu Dasarata banjur séda. Barata rumangsa ora pantes dadi ratu. Dheweke
banjur nggoleki Sri Rama, nyuwun supaya Rama kersa kondur lan jumeneng nata
Ayodya. Ananging Rama nampik amarga jejering satriya ora bakal cidra ing janji
sumadya nampa ukum. Barata didhawuhi Rama supaya jumeneng nata sawetara,
minangka sulihe Raden Rama. Rama banjur medhar piwulang Asthabrata (astha
= wolu, brata = laku) pinangka garan jejering ratu kudu ngugemi lakuning/watak
utama kang cacahe ana wolu. Rama uga paring simbolis awujud trompah (basa
Sansekreta:
p?duka) marang Barata pinangka tandha bukti yen dhèwèké iku mung saderma
wakil. Barata banjur jumeneng nata kanthi nganggo tlumpahe Raden Rama.
Ing
alas Dhandhaka, ana raseksi aran Surpanakha (Sarpakenaka) kasengsem marang
Laksmana. Kanggo ngrayu Lakshmana, Surpanakha banjur mémba dadi wanodya ayu.
Ananging Lakshmana ora mempan kagodha, malah irunge Surpanakha kairis.
Surpanakha nepsu banjur pradul marang kangmasé (sang Rahwana/Dasamuka) lan
mbujuk supaya nyulik garwané Rama kang ayu rupa. Dhasar Rahwana karem marang
wanodya ayu, mula sang Rawana banjur ndhawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik
Sinta. Marica banjur mémba dadi kidang emas kang éndah. Sinta kasengsem banjur
nyuwun supaya mbebedhag kidang emas iku. Rama budhal dhewe ninggal Sinta lan
Laksmana. Si kidang emas gesit banget, ora bisa kacekel. Wusanané, Sri Rama
anyel banjur nglepasaké panah. Si kidang emas njerit kelaran lan mati, owah
malih raseksa. Krungu panjeriting wong kang kelaran, Sinta banjur ngutus
Lakshmana supaya nggoleki Rama. Laksmana ora gelem budhal amarga kajibah njaga
Sinta. Sawisé ditudhuh yen Lakshmana arep ngarah dhèwèké, Lakshmana banjur
budhal nggolèki Rama lan ngrajah Sinta supaya adoh saka godha rencana. Sawisé
Sinta dhèwèkan, Rahwana banjur teka. Kanthi mémba dadi resi kang njejaluk
jampi, Rahwana kasil nyulik Sinta.
Jeriting
Sinta keprungu déning peksi sang Jatayu
kang naté dadi réncange prabu Dasarata. Kanthi niat becik, Jatayu nulungi
Sinta. Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah. Jatayu kang sekarat isih bisa
atur warta marang Rama lan Laksmana, yen Sinta kagawa menyang Alengka,
kedhatoné sang Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nglari ilangé Dèwi Sinta.
dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing sajroning alas, Rama kapanggih ratu
Kiskindha awujud wanara, ya Sugriwa kang sambat njaluk pitulungan marga
rumangsa bojoné (Dèwi Tara) direbut déning seduluré (Subali). Rama saguh
mbiyantu, jer mengko uga gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh kang bener
kang endi, nanging jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji. Rama kasil
merjaya Subali. Sugriwa banjur sumadya nulungi sang Rama kanthi prajurit wanara
lan pitulungané patih Anoman (Hanuman). Anoman kautus Rama pinangka dhutané Sri
Rama budhal menyang Alengka ngaturaké warta lan kalpika marang Sinta.
Ing kaputrèn Alengka, Sinta dilipur déning
Trijatha. Kanthi meneng-meneng, Anoman kasil mlebu ing Alengka lan kapanggih
Dèwi Sinta. Dumadakan konangan Indrajit (putrané ahwana). Anoman kecekel
Rahwana, banjur diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman banjur ngobrak-abrik lan
ngobong Alengka. Anoman bali lan ngaturaké warta marang Rama. Kanthi prajurit
lan kasektèné, Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda) kanggo dalan
ngrubuhaké Alengka. Ing wektu iku, seduluré Rahwana aran Kumbakarna lan Gunawan
Wibisana kadhawuhan mbiyantu mbéla Rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang
Rahwana. Marga wanita, Rahwana ngorbanaké negara memungsuhan lawan Rama.
Kumbakarna trima lunga tapa, déné Wibisana lunga saka Alengka gabung melu Rama.
Perang gedhé dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit pinangka
senopatining perang kaperjaya déning Lakshmana. Kumbakarna dipeksa mbadharaké
tapané supaya mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbéla Rahwana, nanging
negara wutah getihé. Rama nglepasaké panah Guwawijaya, Kumbakarna tiwas
katugel-tugel dening panah sekti. Rahwana maju ngadhepi mungsuh. Rama bisa
ngalahaké Rahwana. Nalika Rahwana kena panah Guwawijaya, Rahwana banjur dibruki
gunung dèning Anoman. Alengka bedhah lan Wibisana kajumenengaké dadi ratu ing
Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan klawan Rama. Nanging, ing lakon
Sinta Obong, Sinta kauji kasuciané déning Rama sadurungé nunggal marang Rama.